B. Daerah

Pertanyaan

Cerita pengalaman pribadi bahasa jawa krama alus

#pake krama alus y

1 Jawaban



  • Nalika kelas  IV kula study tour dhateng Yogjakarta

    Tanggal 19 Oktober 2015 sekolahan kulo ngadakaken perpisahan kagem kelas IV SD. Kula lan rencang-rencang ngadaaken studytour ing Yogyakarta. Kula lan rencang-rencang ngunjungi tempat wisata ingkang sae-sae. Wonten mriko, kula lan rencang-rencang ten Candi Borobudur. Nalika kula ten Candi Borobudur tasek wonten pengetan Hari Raya Waisak. Kathah biksu ingkang gundul-gundul, lajeng biksu-biksu menika sami ibadah ten Candi Borobudur.
    Awanipun,  kula ten Monumen Jogja Kembali, ten mniku kula ningali Film Dokumenter Rapat Bung Karno. Wonten mriko ugi wonten meriam ingkang di agem perang kemerdekaan Republik Indonesia. Sak lajenge kula lan rencang-rencang  foto-foto ten monumen Jogja Kembali.
    Saking MONJALI, kulo lan rencang-rencang lanjut wonten ing Taman Pelangi, ten mriko kathah sanget permainan-permainan ingkang mbungahaken. Kadasta trampoling, dolanan trampolin niku penak, ananging menawi mboten biaya, saget ndamel eneg.
              Saking Taman Pelangi, kula jalan-jalan ugi belanja ten Malioboro, wonten mriko katah sanget kaos-kaos ingkang sae. Kula lan rencang-rencang tumbas kaos ingkang sami gambaripun, mboten kesupen kula ugi tumbas oleh-oleh kagem ibu ten griyo, kula tumbas getuk trio, lan kaos kagem keluwarga sanesipun.        

Pertanyaan Lainnya